Basa Using

Basa Using utawa Using iku dituturaké ing tlatah Banyuwangi utawa kang biyasa karan Blambangan. Using asalé saka tembung "sing" kang tegesé "ora". Tembung iki saka basa Bali "tusing". Asliné basa Using iki salah siji varian basa Jawa Kuna kang tansah dituturaké ing Banyuwangi. Akèh uga tetembungan kang kena pangaruh basa Bali, basa Madura, lan kadhang basa Inggris. Masarakat Using duwé kabudayan kang bedha karo masarakat Jawa salumrahé. Akèh para winasis kang nyaturake yèn basa Using iku sejatiné cabang langsung saka basa Kawi kang ora ngliwati dadi basa Jawa dhisik. Kadadean iku padha karo basa Minangkabo lan basa Malayu kang sapérangan nyaturaké nganggo basa Malayu lan sapérangan liyané nyaturaké yèn Minang iku basa dhéwé. Basa utawa dhialek Using iki dicaturaké ning kira-kira separo wewengkon Banyuwangi. Wong utawa Lare Using racaké manggon ning:

  • Sebagian Genteng
  • Cluring
  • Srana
  • Kalipuro
  • Glagah
  • Giri
  • Sebagian kutha Banyuwangi
  • Sebagian Muncar
  • Rogojampi
  • Sebagian Gambiran

Yèn kacamatan liyané lumrahe nganggo Basa Jawa biyasa utawa Medhura. Cara Using uga tinemu ning wewengkon Jember lan Lumajang sanajan cacahé sethithik banget.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy